Pawartos Boso Jawi

Forums (serat uneg-uneg)

Post Reply
Forum Home > General Discussion > Jagad Wayang

agusbass
Site Owner
Posts: 60

Forum meniko dipunisi kaliyan lakon-lakon wayang, menawi panjengan mangertosi lakon sinten ingkang medal gambaripun, panjenengan saget urun rembag.

  

Kagem pambuko, lakon meniko ingkang badhe dipunlaras....

sinten lakon wayang meniko??????

 

March 17, 2010 at 7:52 AM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

 

Wayang duwur kuwi jenenge Resi Durno, iki critane Resi Durno :

 

Resi Durno … naliko isih enom peparabe Bambang Kumboyono. Bambang Kumboyono kuwi anake Resi Baratmadyo soko Hargojembangan karo Dewi Kumbini. Bambang Kumboyono duwe sedulur loro, lanang lan wadon yoiku: Aryo Kumboyoko karo Dewi Kumboyani.

 

Bambang Kumboyono kuwi gangtheng tur pinter, sakti mondroguno nanging sifat olone gumedhe. Naliko isih enom Bambang Kumboyono meguru marang Porosuromo. Sejatine, Porosuromo iki wis mulang sak kabehane ilmu kepinteran lan kedigdayan marang poro cantrike, mulo kuwi deweke ora gelem maneh mulang ilmune marang cantrik anyar. Ananging Kumboyono iso ngepek atine Porosuromo supoyo ngabulake kepinginane, nganti Porosuromo gelem mulangake ilmune marang Bambang Kumboyono. Naliko meguru, Bambang Kumboyono iki tekun banget nganti deweke lulus.

Naliko nyantrik marang Porosuromo, Bambang Kumboyono duwe konco meguru, jenenge Aryo Sucitro Putro. Sucitro iki anake Paklike Kumboyono, yoiku Resi Dwoporo. Sakwise lulus meguru soko Porosuromo, Sucitro suwito neng Ngastinodipuro marang ngarsane Pandudewonoto. Pandu seneng karo sifate Sucitro, nganti sucitro dimelokno sayemboro ngrebut Gondowati. Sucitro disangoni Pandu sumping supoyo iso ngasorake Aryo Gondomono, adhine Gondowati, syarat iso dadi bojone Gondowati. Kanthi gaman sumping, akhire Sucitro iso ngasorake Aryo Gondomono lan iso mergawo Gondowati. nDahebo senenge Sucitro iso menangake sayemboro ngasorake Aryo Gondomono lan mergawo Gondowati, nganti naliko deweke mulih nang negoro Hargojembangan lan ketemu konco peguron Bambang Kumboyono, deweke janji arep menewi separo negarane marang Bambang Kumboyono menowo mengko deweke iso dadi rojo neng Pancolo. Nanging katone Sucitro cidro marang janjine dewe, naliko deweke wis mengku Pancolo kanthi jejuluk Prabu Drupodo sakwise mertuane mati, Sucitro wis nglali marang janjine.

 

Naliko lulus peguron soko Porosuromo, Kumboyono nglono kepingin marani konco pegurone Sucitro, sing saiki wis manggon nang Pancolo, Kumboyono eling janjine Sucitro menowo deweke wis dadi rojo, Kumboyono arep diwenehi separo negorone. Ing sawijining tlatah, Bambang Kumboyono kudu nyebrang kali sing gedhe, diwanekake deweke nyebrang, neng tengah kali Bambang Kumboyono nganti kintir keseret banyu kali sing banter. Untunge deweke ditulungi karo Jaran Miber, jenenge Dewi Krepi sing njelmo dadi Jaran Miber Wilutomo. Ing pinggir kali, amargo wis ditulung Dewi Krepi, Bambang Kumboyono janji menehi opo wae sing dikepingini Jaran mau. Dewi Krepi crito menowo deweke iku sejatine Putrine Prabu Purungaji, Rojo negoro Tempuru, sing disedakne Dewo, sedakane Dewo iso sirno manawo ono satrio sing nresnani Dewi Krepi kanti tulus asih. Bambang Kumboyono janji bakal nresnani Dewi Krepi, sangking tresnane Kumboyono karo  Dewi Krepi nganti jaran miber mau akhire ngandut, lan mbesok bakal nglairake anak ganteng koyo bapake tapi duwe sikil koyo jaran, sing dijenengake Bambang Aswotomo.

 

Jaran Miber Wilutomo sing lagi nggegono ngerti ono pawongan kintir neng kali nuli mudhun nulungi

 

Ono crito candake...........(Bambang Kumboyono ketemu Sucitro..)

May 17, 2010 at 11:33 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

Bambang Kumboyono ketemu Sucitro.....

 

Ora kroso Bambang Aswotomo wis umur sepuluh taunan, wis iso dijak bapake lelungan, opo maneh Bambang Aswatomo iki duwe sikil jaran, mulo kuwi iso mlayu banter lan ora tau kesel. Amargo soko kuwi Bambang Kumboyono, eling maneh soko tujuan utomone nglono iki, yo kuwi kepingin ketemu karo koncone Sucitro sing saiki wis manggon ono ing Pancolo. Kocap kacarito, Bambang Kumboyono pamit karo bojone Dewi Krepi (sing biyen arane Jaran Miber Wilutomo), arep nerusno lakune nang Pancolo, ora lali Bambang Kumboyono nggowo anake Bambang Aswotomo lelono neng Pancolo.

 

Tekan Pancolo, Kumboyono lagi mangerti manowo saiki Sucitro wis dadi Rojo nang Negoro Pancolo amargo morotuwone wis tilar donya, saiki jare peparabe Prabu Drupodo. Kumboyono crito marang anake, Bambang Aswotomo, menowo bapake biyen naliko nyantrik neng Porosuromo duwe konco sak peguron, yoiku Sucitro, sing saiki dadi Rojo neng Pancolo kanti jejuluk Prabu Drupodo. “awake dewe bakal mulyo Aswotomo, amargo biyen koncone romo sing saiki dadi rojo neng Pancolo iku janji arep menehi separo negarane marang bapak manowo deweke iso dadi rojo neng Pancolo”guneme Kumboyono marang anake cilik, Bambang Aswotomo.

 

Naliko tekan lawang regole Kraton Pancolo, Bambang Kumboyono, dicegat karo punggowo lan prajurit kraton, deweke ujar neng poro prajurit kraton,”eh prajurit…. endi rojomu.. aku iki koncone rojomu Drupodo, ayo omongno rojomu, koncone peguron mrene nagih janji”.

 

Dikandhani prajurite praupane Sucitro dadi abang branang, atine “mak tratap” ngintip koncone biyen, deweke eling manowo tau janji menehi setengah negorone manowo deweke dadi rojo. Mulo kuwi, siji-sijine dalan, Sucitro kondo marang patihe, sing ora liyo adhine bojone, Patih Gondomono, menowo deweke ora kenal babar pisan karo Bambang Kumboyono. Patih Gondomono meling nang prajurit supoyo ngusir wong sing jenenge Bambang Kumboyono.

 

Naliko diusir prajurit Kumboyono nesu, kanthi kadigdayane Kumboyono nyapu puluhan prajurit sing jogo neng kraton. Ngerti menowo prajurite dibabat karo Kumboyono, Patih Gondomono muntab. Naliko Kumboyono repot mbabat prajurit, Gondomono nyekel anake Kumboyono,” He… wong edan, mandego iki engko anakmu tak jing-jing nek gak mandeg!”

 

Ngerti anake dicekel karo Gondomono , Kumboyono dadi glokro. Ganti saiki Kumboyono sing dadi bal-balan Patih Gondomono, ngerti bapake diantemi Patih Gondomono, Aswotomo mung iso nangis. Kumboyono gak wani nglawan Gondomono, amargo anake, Aswotomo wis dicekel karo prajurit Pancolo. Raine Kumboyono nganti rusak gak karuan diidek-idek Patih Gondomono sing duwe aji-aji Bandung Bondowoso, sing iso nuwuhake kekuwatan sewu gajah.

 

Naliko Kumboyono wis katon mati, Gondomono mrentahno prajurite supoyo ngguwak Kumboyono nang Alas Sokolimo. Bambang Aswotomo ngetutno prajurit sing guwak bapake. Masio prajurit guwake kanthi numpak jaran, Bambang Aswotomo iso ngetutake nang mburine, amargo deweke duwe sikil jaran ugo.

 

Sakbanjure prajurit ninggalake Bambang Kumboyono, Bambang Aswotomo ngramut bapake, sing wis katon meh mati nganti bapake waras. Naliko wis waras, praupane Bambang Kumboyono katon olo amargo diidak-idak karo Gondomono. Irunge saiki mlengkung, mripate picek siji, tangane bengkong, mlakune dhengklang. Dheweke sumpah arep mbales Sucitro karo Patihe Gondomono.

 

Kanggo nuwuhake sumpahe Bambang Kumboyono saiki ngedekake padepokan neng alas sokolimo, supoyo iso ngumpulake cantrik akeh. Sing digladi tarung, perang tanding, manah migunakake gaman lan sakpanunggalane…. Neng Padepokan Sokolimo Bambang Kumboyono kondhang kanthi peparab Begawan(Resi) Durno

 

 

(Ono crito candakane… Krepriye critane Begawan Durno iso dipercoyo dadi gurune Kurowo lan Pandowo???)

June 9, 2010 at 6:19 AM Flag Quote & Reply

than must one one
Member
Posts: 4

kyai semar bodronoyo yen arep ngomong mesthi didisiki tembung "mbergegeg, ugeg-ugeg, hmel-heml, sak dulito, langgeng.....

tegese... tinimbang mbergegeg (meneng wae) luwih becik ugeg-ugeg (tandang gawe) lan hmel-hmel (golek pangan) masio sak dulito (setitik) nanging sing penting langgeng (tentrem)

June 10, 2010 at 1:09 AM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

Tak tutukake critone Begawan Durno....

 

(Crito candakane… Krepriye citrane Begawan Durno dadi iso dipercoyo dadi gurune Kurowo lan Pandowo???)

 

Begawan Durno dipercoyo dadi gurune Pandowo lan Kurowo….

 

Sak pungkure Pandu sedo, pusokone sing arupo Lengo Tolo dititipake menyang Drestorostro, supoyo mbesuk iso diwenehake marang Pandowo, menowo titiwancine Pandowo wis dewoso. Sopo Pandu kuwi?

 

Tak jawil sethithik critane Pandu…

 

Ngastinopuro …

Santanu dalah turunan kaping 34 soko Bathoro Darmo. Santanu kuwi putrane Prabu Pratipo, Rojo Negoro Ngastino soko prameswari Dewi Sumondo. Naliko dewoso dadi Rojo ing Negoro Ngastino. Prabu Santanu kawin karo Dewi Gonggo/Jahnawi. Sakwise nglairake Dewobroto, Dewi Gonggo mokso mbalik neng kayangan. Kepekso Prabu Santanu nggolek Ibu sing sanggup nyusoni Dewobroto. Jenenge wae anake Dewi soko kayangan, mulo digolekake Ibu suson sing sak ora-orane Ibu sing trapsilo, udokoro koyo bojone Resi. Ibu sing nuwuhi syarat lan sanggup nyusoni Dewobroto ketemu neng negoro Wiroto jenenge Dewi Durgandini/Setyowati, bojone Resi Polosoro. Akhire Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing Ngastinopuro. Saben-saben Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing kraton Ngastino, Prabu Santanu mesthi mambu gandane Dewi Durgandini sing arum banget. Nuli soko mambu gondo wangine Dewi Durgandini, Prabu Santanu nganti nandhang wuyung marang Dewi Durgandini, Prabu nglamar Dewi Durgandini supoyo gelem dadi prameswarine. Polosoro dewe ngrelakake Dewi Durgandini dadi bojone Prabu Santanu. Dewi Durgandini nyanggupi dikawin dening Prabu Santanu syarate mengko anake sing didadekake peneruse kraton Ngastino dudu Dewobroto. Prabu Santanu nyanggupi syarat kuwi.

 

Karo Dewi Durgandini, Prabu Santanu duwe anak loro: Citrogodo karo Wicitrawiryo. Sakwise ngawinake anake karo Dewi Ambiko lan Dewi Ambiki, Prabu Santanu menehake Kraton marang anake. Ora dinyono anake karon mati enom, tanpo nurunake putro. Prabu Santanu dewe akhire mokso neng kayangan. Amargo kraton kosong sakwise ditinggal mati anake Citrogodo, Wicitrawiryo lan bojone Keng Prabu Santanu, anake Dewi Durgandini sing liyo bopo yokuwi anake soko Resi Polosoro didadekake Rojo neng Ngastino, yokuwi Abiyoso. Opodene rondone Citrogodo karo Wicitrawiryo, yokuwi Dewi Ambiko (rondone Citrogodo) lan Dewi Ambiki (rondone Wicitrowiryo), akhire dikawinake kabeh karo Abiyoso. Soko Dewi Ambiko, Abiyoso oleh putro jenenge Drestorosto lan soko Dewi Ambiki oleh putro jenenge Pandu.

Sakwise ndadekake Pandu (soko prameswari sing kaping loro) dadi Rojo neng Ngastinopuro, Abiyoso mbalik topobroto neng Retawu.

 

Pandu duwe bojo loro sing sepisan Dewi Kunti, nglairake anak telu: Puntodewo, Bimo/Werkudoro lan Arjuno. Bojo sing kaping loro, Dewi Madrim, nglairake anak kembar Nakulo lan Sadewo. Kabeh anake mau sing kocap diarani Pandowo. Pandu akeh jasane marang Dewoto lan Suroloyo, mulo kuwi deweke oleh anugrah pusoko Hudrodali, lengo Tolo lan gelar Dewonoto. Pandu mati enom ugo, mulo kuwi kanthi disekseni Resi Abiyoso sing diparingi umur dowo, negoro Ngastino diwenehno sawentoro menyang Drestorosto, sing tunonetro, mowo syarat arep dibalekake menyang anak-anake Pandu menowo wis dewoso (nanging Drestorosto cidro marang janjine, malah ndadekake anake mbarep, Duryudono, dadi Rojo neng negoro Ngastino).

 

Drestorosto kawin karo Dewi Gandari lan nglairake anak satus, 99 lanang lan siji wadon sing dijenengake Sato Kurowo. Drestorosto ugo dititipi Pandu Lengo Tolo, supoyo diwenehake anake naliko wis dewoso.

 

Naliko Pandowo lan Kurowo wis podho gedhe, soko pangujuk-ujuke Sengkuni, Drestorosto dikongkon Sengkuni menehake pusoko lengo tolo marang Kurowo, anake dewe. Drestorostro sing sipat asline Wicaksono nanging ringkih atine, gojag-gajeg, akhire milih nguncalno lengo tolo mau sak adoh-adohe, supoyo digawe royokan antarane Pandowo lan Kurowo. Pas ketepakan lagi nguncalake lengo tolo, Sengkuni sengojo nyenggol tangane Drestorosto sing tunonetro mau, akibate sakbagian lengo mau kutah neng jubin. Saknaliko Sengkuni nyopot klambine nganti wudo terus ngguling2 neng jubin, kareben nelesi kulite karo lengo tolo. Mulo kuwi Sengkuni masio ngelmune cethek, nanging kabeh gaman ora tedhas nembus kulite.

 

Sawentoro kuwi, Pandowo lan Kurowo ngoyak Lengo Tolo sing diuncalake Drestorosto, lengo tolo akhire kecemplung sumur tuwo sing jeru banget. Kabeh Pandowo karo Kurowo ora iso njukuk Lengo Tolo. Ndilalah Resi Durno lewat ing papan kono, mowo kasektene, Resi Durno kanthi gampang njukuk Lengo Tolo mau. Ngerti kasektene Resi Durno, poro Kurowo lan Pandowo langsung njaluk didadekake cantrike Resi Durno. Mulo sak jeke kuwi, sakwise prastowo lengo tolo, poro Kurowo lan Pandowo meguru menyang Resi Durno neng Sokolimo.

 

(Kepriye kahanan cantrik-2 anyar, Pandowo lan Kurowo mau neng Sokolimo….ana crito candake)

 

July 20, 2010 at 4:57 AM Flag Quote & Reply

SONTOLOYO
Member
Posts: 2

agusbass at July 20, 2010 at 4:57 AM

Tak tutukake critone Begawan Durno....

 

(Crito candakane… Krepriye citrane Begawan Durno dadi iso dipercoyo dadi gurune Kurowo lan Pandowo???)

 

Begawan Durno dipercoyo dadi gurune Pandowo lan Kurowo….

 

Sak pungkure Pandu sedo, pusokone sing arupo Lengo Tolo dititipake menyang Drestorostro, supoyo mbesuk iso diwenehake marang Pandowo, menowo titiwancine Pandowo wis dewoso. Sopo Pandu kuwi?

 

Tak jawil sethithik critane Pandu…

 

Ngastinopuro …

Santanu dalah turunan kaping 34 soko Bathoro Darmo. Santanu kuwi putrane Prabu Pratipo, Rojo Negoro Ngastino soko prameswari Dewi Sumondo. Naliko dewoso dadi Rojo ing Negoro Ngastino. Prabu Santanu kawin karo Dewi Gonggo/Jahnawi. Sakwise nglairake Dewobroto, Dewi Gonggo mokso mbalik neng kayangan. Kepekso Prabu Santanu nggolek Ibu sing sanggup nyusoni Dewobroto. Jenenge wae anake Dewi soko kayangan, mulo digolekake Ibu suson sing sak ora-orane Ibu sing trapsilo, udokoro koyo bojone Resi. Ibu sing nuwuhi syarat lan sanggup nyusoni Dewobroto ketemu neng negoro Wiroto jenenge Dewi Durgandini/Setyowati, bojone Resi Polosoro. Akhire Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing Ngastinopuro. Saben-saben Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing kraton Ngastino, Prabu Santanu mesthi mambu gandane Dewi Durgandini sing arum banget. Nuli soko mambu gondo wangine Dewi Durgandini, Prabu Santanu nganti nandhang wuyung marang Dewi Durgandini, Prabu nglamar Dewi Durgandini supoyo gelem dadi prameswarine. Polosoro dewe ngrelakake Dewi Durgandini dadi bojone Prabu Santanu. Dewi Durgandini nyanggupi dikawin dening Prabu Santanu syarate mengko anake sing didadekake peneruse kraton Ngastino dudu Dewobroto. Prabu Santanu nyanggupi syarat kuwi.

 

Karo Dewi Durgandini, Prabu Santanu duwe anak loro: Citrogodo karo Wicitrawiryo. Sakwise ngawinake anake karo Dewi Ambiko lan Dewi Ambiki, Prabu Santanu menehake Kraton marang anake. Ora dinyono anake karon mati enom, tanpo nurunake putro. Prabu Santanu dewe akhire mokso neng kayangan. Amargo kraton kosong sakwise ditinggal mati anake Citrogodo, Wicitrawiryo lan bojone Keng Prabu Santanu, anake Dewi Durgandini sing liyo bopo yokuwi anake soko Resi Polosoro didadekake Rojo neng Ngastino, yokuwi Abiyoso. Opodene rondone Citrogodo karo Wicitrawiryo, yokuwi Dewi Ambiko (rondone Citrogodo) lan Dewi Ambiki (rondone Wicitrowiryo), akhire dikawinake kabeh karo Abiyoso. Soko Dewi Ambiko, Abiyoso oleh putro jenenge Drestorosto lan soko Dewi Ambiki oleh putro jenenge Pandu.

Sakwise ndadekake Pandu (soko prameswari sing kaping loro) dadi Rojo neng Ngastinopuro, Abiyoso mbalik topobroto neng Retawu.

 

Pandu duwe bojo loro sing sepisan Dewi Kunti, nglairake anak telu: Puntodewo, Bimo/Werkudoro lan Arjuno. Bojo sing kaping loro, Dewi Madrim, nglairake anak kembar Nakulo lan Sadewo. Kabeh anake mau sing kocap diarani Pandowo. Pandu akeh jasane marang Dewoto lan Suroloyo, mulo kuwi deweke oleh anugrah pusoko Hudrodali, lengo Tolo lan gelar Dewonoto. Pandu mati enom ugo, mulo kuwi kanthi disekseni Resi Abiyoso sing diparingi umur dowo, negoro Ngastino diwenehno sawentoro menyang Drestorosto, sing tunonetro, mowo syarat arep dibalekake menyang anak-anake Pandu menowo wis dewoso (nanging Drestorosto cidro marang janjine, malah ndadekake anake mbarep, Duryudono, dadi Rojo neng negoro Ngastino).

 

Drestorosto kawin karo Dewi Gandari lan nglairake anak satus, 99 lanang lan siji wadon sing dijenengake Sato Kurowo. Drestorosto ugo dititipi Pandu Lengo Tolo, supoyo diwenehake anake naliko wis dewoso.

 

Naliko Pandowo lan Kurowo wis podho gedhe, soko pangujuk-ujuke Sengkuni, Drestorosto dikongkon Sengkuni menehake pusoko lengo tolo marang Kurowo, anake dewe. Drestorostro sing sipat asline Wicaksono nanging ringkih atine, gojag-gajeg, akhire milih nguncalno lengo tolo mau sak adoh-adohe, supoyo digawe royokan antarane Pandowo lan Kurowo. Pas ketepakan lagi nguncalake lengo tolo, Sengkuni sengojo nyenggol tangane Drestorosto sing tunonetro mau, akibate sakbagian lengo mau kutah neng jubin. Saknaliko Sengkuni nyopot klambine nganti wudo terus ngguling2 neng jubin, kareben nelesi kulite karo lengo tolo. Mulo kuwi Sengkuni masio ngelmune cethek, nanging kabeh gaman ora tedhas nembus kulite.

 

Sawentoro kuwi, Pandowo lan Kurowo ngoyak Lengo Tolo sing diuncalake Drestorosto, lengo tolo akhire kecemplung sumur tuwo sing jeru banget. Kabeh Pandowo karo Kurowo ora iso njukuk Lengo Tolo. Ndilalah Resi Durno lewat ing papan kono, mowo kasektene, Resi Durno kanthi gampang njukuk Lengo Tolo mau. Ngerti kasektene Resi Durno, poro Kurowo lan Pandowo langsung njaluk didadekake cantrike Resi Durno. Mulo sak jeke kuwi, sakwise prastowo lengo tolo, poro Kurowo lan Pandowo meguru menyang Resi Durno neng Sokolimo.

 

(Kepriye kahanan cantrik-2 anyar, Pandowo lan Kurowo mau neng Sokolimo….ana crito candake)

 

Matur nuwun sanget Ki Agus Bass, kula rumaos bingah amargi saged ngangsu kawruh bab wayang meniko, anggenipun nyariosaken runut lan sekeca sanget, kula nganos ngambali kaping 3 ....., monggo dipun lajengaken Ki.... , Mugi Gusti paring karahayon dumateng panjenengan Ki..., ing samangke kula saged maos carios salajengipun.... nuwun.

August 4, 2010 at 4:58 AM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

SONTOLOYO at August 4, 2010 at 4:58 AM

agusbass at July 20, 2010 at 4:57 AM

Tak tutukake critone Begawan Durno....

 

(Crito candakane… Krepriye citrane Begawan Durno dadi iso dipercoyo dadi gurune Kurowo lan Pandowo???)

 

Begawan Durno dipercoyo dadi gurune Pandowo lan Kurowo….

 

Sak pungkure Pandu sedo, pusokone sing arupo Lengo Tolo dititipake menyang Drestorostro, supoyo mbesuk iso diwenehake marang Pandowo, menowo titiwancine Pandowo wis dewoso. Sopo Pandu kuwi?

 

Tak jawil sethithik critane Pandu…

 

Ngastinopuro …

Santanu dalah turunan kaping 34 soko Bathoro Darmo. Santanu kuwi putrane Prabu Pratipo, Rojo Negoro Ngastino soko prameswari Dewi Sumondo. Naliko dewoso dadi Rojo ing Negoro Ngastino. Prabu Santanu kawin karo Dewi Gonggo/Jahnawi. Sakwise nglairake Dewobroto, Dewi Gonggo mokso mbalik neng kayangan. Kepekso Prabu Santanu nggolek Ibu sing sanggup nyusoni Dewobroto. Jenenge wae anake Dewi soko kayangan, mulo digolekake Ibu suson sing sak ora-orane Ibu sing trapsilo, udokoro koyo bojone Resi. Ibu sing nuwuhi syarat lan sanggup nyusoni Dewobroto ketemu neng negoro Wiroto jenenge Dewi Durgandini/Setyowati, bojone Resi Polosoro. Akhire Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing Ngastinopuro. Saben-saben Dewi Durgandini nyusoni Dewobroto ing kraton Ngastino, Prabu Santanu mesthi mambu gandane Dewi Durgandini sing arum banget. Nuli soko mambu gondo wangine Dewi Durgandini, Prabu Santanu nganti nandhang wuyung marang Dewi Durgandini, Prabu nglamar Dewi Durgandini supoyo gelem dadi prameswarine. Polosoro dewe ngrelakake Dewi Durgandini dadi bojone Prabu Santanu. Dewi Durgandini nyanggupi dikawin dening Prabu Santanu syarate mengko anake sing didadekake peneruse kraton Ngastino dudu Dewobroto. Prabu Santanu nyanggupi syarat kuwi.

 

Karo Dewi Durgandini, Prabu Santanu duwe anak loro: Citrogodo karo Wicitrawiryo. Sakwise ngawinake anake karo Dewi Ambiko lan Dewi Ambiki, Prabu Santanu menehake Kraton marang anake. Ora dinyono anake karon mati enom, tanpo nurunake putro. Prabu Santanu dewe akhire mokso neng kayangan. Amargo kraton kosong sakwise ditinggal mati anake Citrogodo, Wicitrawiryo lan bojone Keng Prabu Santanu, anake Dewi Durgandini sing liyo bopo yokuwi anake soko Resi Polosoro didadekake Rojo neng Ngastino, yokuwi Abiyoso. Opodene rondone Citrogodo karo Wicitrawiryo, yokuwi Dewi Ambiko (rondone Citrogodo) lan Dewi Ambiki (rondone Wicitrowiryo), akhire dikawinake kabeh karo Abiyoso. Soko Dewi Ambiko, Abiyoso oleh putro jenenge Drestorosto lan soko Dewi Ambiki oleh putro jenenge Pandu.

Sakwise ndadekake Pandu (soko prameswari sing kaping loro) dadi Rojo neng Ngastinopuro, Abiyoso mbalik topobroto neng Retawu.

 

Pandu duwe bojo loro sing sepisan Dewi Kunti, nglairake anak telu: Puntodewo, Bimo/Werkudoro lan Arjuno. Bojo sing kaping loro, Dewi Madrim, nglairake anak kembar Nakulo lan Sadewo. Kabeh anake mau sing kocap diarani Pandowo. Pandu akeh jasane marang Dewoto lan Suroloyo, mulo kuwi deweke oleh anugrah pusoko Hudrodali, lengo Tolo lan gelar Dewonoto. Pandu mati enom ugo, mulo kuwi kanthi disekseni Resi Abiyoso sing diparingi umur dowo, negoro Ngastino diwenehno sawentoro menyang Drestorosto, sing tunonetro, mowo syarat arep dibalekake menyang anak-anake Pandu menowo wis dewoso (nanging Drestorosto cidro marang janjine, malah ndadekake anake mbarep, Duryudono, dadi Rojo neng negoro Ngastino).

 

Drestorosto kawin karo Dewi Gandari lan nglairake anak satus, 99 lanang lan siji wadon sing dijenengake Sato Kurowo. Drestorosto ugo dititipi Pandu Lengo Tolo, supoyo diwenehake anake naliko wis dewoso.

 

Naliko Pandowo lan Kurowo wis podho gedhe, soko pangujuk-ujuke Sengkuni, Drestorosto dikongkon Sengkuni menehake pusoko lengo tolo marang Kurowo, anake dewe. Drestorostro sing sipat asline Wicaksono nanging ringkih atine, gojag-gajeg, akhire milih nguncalno lengo tolo mau sak adoh-adohe, supoyo digawe royokan antarane Pandowo lan Kurowo. Pas ketepakan lagi nguncalake lengo tolo, Sengkuni sengojo nyenggol tangane Drestorosto sing tunonetro mau, akibate sakbagian lengo mau kutah neng jubin. Saknaliko Sengkuni nyopot klambine nganti wudo terus ngguling2 neng jubin, kareben nelesi kulite karo lengo tolo. Mulo kuwi Sengkuni masio ngelmune cethek, nanging kabeh gaman ora tedhas nembus kulite.

 

Sawentoro kuwi, Pandowo lan Kurowo ngoyak Lengo Tolo sing diuncalake Drestorosto, lengo tolo akhire kecemplung sumur tuwo sing jeru banget. Kabeh Pandowo karo Kurowo ora iso njukuk Lengo Tolo. Ndilalah Resi Durno lewat ing papan kono, mowo kasektene, Resi Durno kanthi gampang njukuk Lengo Tolo mau. Ngerti kasektene Resi Durno, poro Kurowo lan Pandowo langsung njaluk didadekake cantrike Resi Durno. Mulo sak jeke kuwi, sakwise prastowo lengo tolo, poro Kurowo lan Pandowo meguru menyang Resi Durno neng Sokolimo.

 

(Kepriye kahanan cantrik-2 anyar, Pandowo lan Kurowo mau neng Sokolimo….ana crito candake)

 

Matur nuwun sanget Ki Agus Bass, kula rumaos bingah amargi saged ngangsu kawruh bab wayang meniko, anggenipun nyariosaken runut lan sekeca sanget, kula nganos ngambali kaping 3 ....., monggo dipun lajengaken Ki.... , Mugi Gusti paring karahayon dumateng panjenengan Ki..., ing samangke kula saged maos carios salajengipun.... nuwun.

Kagem Mas Sontoloyo....Kawulo ngaturaken semanten ugi,

Mugi-mugi criyos meniko dadosaken kito saged mangertosi crito wayang ingkang wetah, mboten sak prunggel sak prunggel.

 

Sugeng maos criyos saklanjengipun...

nuwun

August 20, 2010 at 12:53 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

(Kepriye kahanan cantrik-2 anyar mau neng Sokolimo….iki crito candake)

 

Iki jenenge, kebenaran , keleresan lan ketepakan, batine Resi Durno. Ora dinyono ora disongko ora kaningiro, kanthi prastowo lengo tolo mau, dumadakan wae Resi Durno langsung duwe cantrik akeh, cacahe 105. 100 kurowo (99 lanang lan siji wadon), 5 pandowo.

 

“Manowo aku iso nggladi bocah-bocah iki dadi digdoyo kabeh, ora angel anggonku mbales Sucitro sing wis tego-tegone nglalekake lan ngidak-ngidak kakang pergurone” grenengane Resi Durno.

 

Ma wulan-wulan lan ma taun-taun Resi Durno gembleng bocah-bocah Pandowo lan Kurowo sing suwito neng Sokolimo. Sing katon mencorong cantrike golongane Pendhowo, amargo cuman wong limo dadi nggladine yo luwih gampang banjur pendhowo limo mau dadi luwih mantheng (konsentrasi) anggone nggladhi kepinterane ing ilmu kanuragan. Kosok baline Pandito Durno terang kangelan nggladhi bocah-bocah Kurowo sing cacahe satus mau, akeh ramene, dadi bocah-bocah mau kurang manthengi ngelmu sing diajarake dening Pandhito Durno.

 

Sak wise taunan digembleng ing Peguron Sokolimo, lagi katon sopo sing nduweni kaluwihan lan wasesa ing Peguron Sokolimo. Pandhowo wis terang, kabeh duwe kaluwihan dhewe-2 sing iso dindelno. Kurowo sing akeh mau mung thithik sing iso diendelno. Bolo Kurowo sing rodo moncer yokuwi: Duryudono (anak mbarep dewe) watake jujur nanging bodho, Bogadotto, Bomowikoto, Citrakso, Citraksi, Carucitro, Citroyudho, Citrobomo, Durmuko, Durmagati, Dursosono (sing awake paling gedhe, gagah, lan lambene ombo), Gardopati, Gardopuro, Kartomarmo, Patiweyo, Kartodento, Surtayu, Surtayudho, Wikotobomo, Widandini, Dewi Dursilawati, lan sakpanunggale.

 

Ing wayah taun kaping limo poro cantrik diuji karo Pandito Durno.

 

Salah sijining ujian yokuwi babagan manah. Pandito Durno masang manuk neng salah sawijining wit kapuk.

Poro cantrik kurowo maju sepuluh-sepuluh neng palagan nuli podho menthang gendhewa nepakake panah menyang manuk nang nduwur wit kapuk mau.

“Poro cantrik kabeh, saiki ujian ing peguron sukolimo. Ujian manah manuk sing menclok ing salah sijining wit kapuk. Manawo sopo wae sing iso ngeti manuk kuwi ing sirahe, bakal dadi cantrik unggul ing peguron iki” pratelane Pandhito Durno.

”sopo sing ora katon wit kapuk?”

Ora ono cantrik sing alok.

“Sopo sing ora katon manuk?”

Ono salah sijining cantrik Kurowo sing alok,”Kulo Pandhito”.

“Keno opo ora katon manuk?”pitakonane Pandito Durno

“Teng pundi manukipun, Pandito?” takonane cantrik mau.

“Yo wis mundur wae sliramu, katon manuke cetho welo-2 menclok nang uwit kok ora katon”

“Wis saiki dipanah” prentahe Durno marang cantrike.

Panah wis mblesat, tapi siji-sijio ora ono panah Kurowo sing nyenggol manuk mau.

Nganti sepuluh baris Kurowo panah mau ora ono sing nyenggol manuke babar pisan.

 

Saiki banjur barisan Pandhowo maju. Limo-limone baris ngeti manuk mau. Pitakonane Durno pancet koyo mau.

“sopo sing ora katon wit kapuk?”

Kabeh Pandhowo ora ono sing alok, kejobo Arjuno,”Kulo mboten sumerap”

Pandito Durno nerusake pitakonan,

“sopo sing ora katon manuk?”

Kabeh Pandhowo ora ono sing alok, kejobo Arjuno maneh,”Kulo mboten sumerap”

Saiki Durno takon marang Arjuno”keno opo wit gedhene sakmono ora katon?”

Poro Kurowo ngguyu kepingkel-pingkel, ngelokake Arjuno sing dikiro mripate ora katon,”Wis meneng kabeh Poro Kurowo!”Durno nyelo,”Nyang opo sliramu ora katon wit lan manuk, Arjuno?”

“Sing katon kulo namung mripat ireng kileng-kileng sing tengahe putih”Sak naliko poro Kurowo meneng klakep, artine mung mripate manuk sing katon dening Arjuno.

“Wis saiki dipanah” prentahe Durno marang Pandhowo.

Panah mblesat soko gendewo, mung siji panah sing nancep pas mripate manuk.

Poro Kurowo lan Pandhowo surak-2 saiki kari ndeleng panahe sopo sing sanggup mancep neng mripate manuk. Sak wise dijukuk lan diwaskitakake karo Durno, panah mau nggone Arjuno. Mongko Arjuno sing didadekake cantrik ongko siji ing babagan manah.

Kareben mesthikake panahe Arjuno mau ora kebeneran/ketepakan mancepe neng manuk, mulo Pandito Durno mbaleni manah khusus gawe Arjuno. Durno nyediani papan bunder sing adhohe saiki tikel ping pindone titian manuk mau.

“Coba Arjuno, aku kepingin masthekake manawo panahmu mau ora mung ketepakan mancep neng manuk mau” kandhane Pandito Durno.

Mulo sepisan maneh Arjuno menthang gendewo terus mripate tumuju titik putih sing pas satengahing papan titian. Panah blesat soko gendhewo…… bles panah pas nancep neng satengahe titik putih mau. Nanging kocap kacarito sak durunge poro Pandhowo lan Kurowo surak-surak ono maneh sak klebating panah sing tumuju titik ing papan titian mau, panah mau ora mung pas nancep neng satengahe titik titian papan mau, nanging sik luwih ngedab-ngedabi panah mau nganti nyigar panahe Arjuno dadi sawalang-walang. Kabeh poro cantrik banjur cep klakep, ora kejobo Durno. Sopo satrio sing iso ngungkuli keprigelane Arjuno ing babagan manah?

 

Ketebang-ketebang ono Pawongan moro nang palagan mau. Sopo pawongan mau?

“Nyuwun pangapuntem, amargi kawulo sampun wantun kladuk nyigar panahipun bendoro Arjuno!”katur pawongan sing ngedab-edabi mau marang Pandito Durno.

“Lho kowe kuwi lak anake Kusire Krato Astino” guneme Durno” jebule awakmu duwe keprigelan sing madhani cantrikku Arjuno”

 

Arjuno katon abang kupinge lan raine, manowo ono pawongan sing iso ngalahake kasektene ing babagan manah. Lan sing iso ngalahake jebule mung anake Kusir, ndaebo mangkele Arjuno.

“Nyuwun sewu Pandito, kawulo lancang lan kumawani kladuk ngriwuki pendhadharan meniko. Amargi kawulo sabendintenipun tumut ngeteraken bendoro Pandhowo wonten padhepokan mriki, lan sak bendintenipun sumerap sedoyo ingkang Pandito wucalaken marang Bendoro Pandhowo ugi Bendoro Kurowo, sedoyo ngelmu kolowau kawulo cakaken wonten griyo. Bilih meniko kawulo kepingin saged dipunakeni dados cantrikipun Pandito” ature pawongan mau

“Ora iso Suryatmojo! Lha kowe kuwi sopo? Mung anake kusire kraton Astino”muntabe Arjuno, sak durunge Durno ngucap. Pandito Durna meneng wae. Ning sakjane Pandito Durno weruh, ono kasekten sing moncer soko awake Suryatmojo.

 

Sopo sejatine Suryatmojo kuwi?

 

Suryatmojo sakjane anake Dewi Kunthi, putri kaping loro soko Prabu Basukunthi, Rojo Negoro Manduro. Naliko Dewi Kunthi isih enom tau meguru marang Resi Druwoso. Salah sijining rapalan sing diwulangno Resi Druwoso marang Dewi Kunthi yokuwi rapalan Aji Pameling, sarono rapalan iki iso nekakake Bathoro. Ing sawijining wengi Dewi Kunthi nyoba rapalan kuwi, ora dinyono rapalan Aji Pameling kuwi nekakake Bathoro Suryo. Dewi Kunthi nganti kami tenggengen, ngerti Bathoro Suryo wis ono sak ngarepe. Dadi sawengi kuwi Dewi Kunthi dikancani karo Bathoro Suryo nganti sak durunge srengenge njebul neng Arcopodho. Amargo ayahane (tugase) Bathoro Suryo madhangi Arcopodho ing parak esuk nganti tumeko sore. Sak pungkure Dewi Kunthi dikeloni karo Bathoro Suryo, Dewi Kunthi konangan wus ngandut. Amargo jabang bayine Bathoro, laire jabang bayi soko kupinge Dewi Kunthi, mulo kuwi Dewi Kunthi tetep isih katon prawan. Jabang bayi kuwi sak wise lair diguwak neng kali Gonggo, supoyo ora nggawe wirange kluwargo Kraton Manduro. Akhire jabang bayi mau ditemokake kusire Kraton Astino, Rodo, lan dijenengake Suryatmojo, Rodo jenengno mengkono amargo naliko ditemokake bayi kuwi mripate katon mencorong koyo srengenge, mengko dewosone peparabe Basukarno. Dadi sakjane antarane Suryatmojo karo Arjuno kuwi isih sadulur tunggal Ibu, yokuwi Dewi Kunthi. Mangkane, wong loro kuwi jago manah kabeh. Emane, neng perang Baroto Yudho mengko saklorone podho perang tanding. Daebo sedihe Dewi Kunthi, ngerti anake podho perang tanding neng Baroto Yudho.

 

Mbalik neng crito sakdurunge…

Ngerti anake, Suryatmojo diunen-unen karo Bendorone Arjuno. Rodo, bapak angkate, mawas dhiri. Anake, Suryatmojo, dierih-erih supoyo ora gawe gegere padhepokan Sokolimo. Suryatmojo diajak bali Bapake.

 

Sakjane ono pawongan liyane maneh sing iso nandingi kesaktiyan panahe Arjuno. Pawongan kuwi yokuwi Palgunadi. (mengko dicritake ing crito candhake).

August 20, 2010 at 12:55 PM Flag Quote & Reply

Margaretha Kusnandar
Member
Posts: 7

Waduuh mas, kelingan rikolo cilik, kulo remen maca komik wayang ...dadi skmeniko kados mbaleni meleh..namung ngagem basa jawi...suwun nggih!!

August 23, 2010 at 6:30 PM Flag Quote & Reply

taufik
Member
Posts: 2

mas endi crito candake ...wis nanggung ki...

August 23, 2010 at 11:48 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

Crito candhake …. (Sopo Pawongan liyo sing iso ngasorake Arjuno?)

 

 

Palgunadi utowo peparabe Raden Ekoloyo, Rojo Negoro Paranggelung. Duwe prameswari sing ayune ngedab-edabi lan setyo tuhu temenan marang Palgunadi, jenenge Dewi Anggraini, Putrine Hapsari, Widodari Warsiki.

 

Neng negoro Paranggelung, rakyate kabeh podho prigel manah, mulo kuwi Palgunadi ugo pinter lan prigel ing babagan manah. Dirasakne ilmu manahe neng Guru-guru Negoro Paranggelung wis mumpuni lan mentok ora ono kemajuan maneh. Palgunadi ngupadi golek guru liyone sing diajab iso ningkatake ilmu manahe. Krungu-krungu ono Padepokan sing kesuwur neng Alas Sokolimo, panggonan poro cantrik kraton Astino sinau olah kanuragan, utamane ugo ing babagan manah. Mulo kuwi Palgunadi niyat kareben supoyo biso dadi cantrik ing Padepokan Sokolimo.

 

Mulo ing sawijing dino, karo bojone Dewi Anggraini, diiring poro punggowo, Raden Palgunadi lungo menyang Sokolimo. Ing padepokan deweke ditrimo karo Resi Durno.

 

“Kados pundi Bopo Durno, punopo kawulo sarimbit saged dipuntampi dados cantrik wonten Sokolimo meniko?” pitakone Palgunadi.

 

“Mengkeno lho Palgunadi” Durno mangsuli karo mikir-mikir. Lire, deweke wis janji marang Begawan Abiyoso (Eyange Pandowo lan Kurowo) ugo Drestorosto (Rojo sawentoro Negoro Ngastino), janji dadi gurune poro Pendhowo lan Kurowo thok, ora bakal nompo cantrik liyane. Iyo wis melbu nalar, lha wong nggladhi Kurowo ae, wis ora kurang-kurang, satus cacahe,” babagan iki kudu tak rembugake marang Begawan Abiyoso ugo Raden Dresotorosto,”kandhane Durno,”mengko sakpasar (limang dino: Legi, Pahing, Pon, Wage, Kliwon) maneh mreneo ngger!”

 

“Sendiko Bopo Durno”ature Palgunadi.

 

Kocap kacarito Raden Ekoloyo lha yo Palgunadi sarimbit karo Dewi Anggraini bali maneh menyang Negoro Paranggelung. Kabeh poro cantrik Sokolimo podho nggumun marang sulistiyone Dewi Anggraini. Opo maneh cantrik Sokolimo kuwi meh 99% lanang kabeh, mesthi kepincut karo ayu lan moblong-moblonge Dewi Anggraini, sing ayune ngedab-edabi, kabeh wong wadon podho iri lan wong lanang podho mlongo kabeh.

 

Menowo digambarake Ayune Dewi Anggraini iki koyo mengkene:

Pawakane dhuwur nanging katon molheg padhet lan singset, Kulite resik tur mrusuh, rambute ireng dowo ngandhan-andhan, pasuryane katon putih moblong-moblong, alise nanggal sapisan, mripate ndamar kanginan, irunge mbangir ngudhup mlathi, lambene tansah teles koyo manggis karengat, untune miji timun, ing ageman kuthu baru katon susune nyengkir gading, bangkekane nawang kemit, bokonge katon manjang ngilang, tangane nggendhewo pinenthang, wentise mukang gangsir, lan menowo ngomong swarane koyo ngombak banyu. Iki kabeh gambarane Dewi Anggraini, sing ayune turunan soko ibune, Putri Hapsari Widodari Warsiki soko kayangan.

 

Bolo Kurowo sing urakan, katon suwat-suwit, ora kejobo Arjuno sing ora iso ndelok wong wadon ayu. Mulo Arjuno sing luwih pinter dibanding Kurowo nggolek coro supoyo Dewi Anggraini iso dadi cantrik neng Sokolimo.

 

Mulo sak durunge Durno matur marang Eyange Pandhowo lan Kurowo, Begawan Abiyoso, ugo matur nang Bendarane Rojo Ngastino, Drestorosto, ing sawijing dino Arjuno matur marang gurune Durno ”Bopo Durno!”

 

“We lha dalah Arjuno, ngopo Arjuno,”

 

“Anu, Bopo, kolowingi kulo sumerep lan taken marang poro punggowo ingkang dherekaken priyantun ingkang mriki meniko lho!”

 

“Oh, Palgunadi lan Dewi Anggraini”

 

“nggih…nggih leres Bopo… Anggraini…,” cluluke Arjuno mung nyebut jeneng Anggraini.

 

“Iyo… terus ngopo Arjuno?”pitakone Durno nggumun.

“Mekaten… Eyang Abiyoso lak sampun ngendiko menawi Padepokan Sokolimo meniko… panggenan nggladhi lan olah kanuragan kangge poro Pandhowo lan Kurowo kemawon”

 

“Iyo aku wis mangerteni Arjuno….lha terus…”

 

“Menawi kepareng…. kulo gadhah pangajab”

 

“opo pangajabmu Arjuno”

 

“Menawi kepareng mbok Dewi Anggraini kemawon ingkang dipuntanpi ….. lan kareben Dewi Anggraini saged ngrencangi Dewi Dursilowati … ingkang wonten mriki dados wanito ijen” kandhane Arjuno sing wis oleh coro supoyo Dewi Anggraini iso neng Sokolimo. Dewi Dursilowati pancen siji-sijine wanito Kurowo sing neng Sokolimo.

“Wah pangajabmu temu nalar Arjuno….mengko tak rembugno karo Begawan Abiyoso Karo Pakdhemu Raden Drestorosto.”

 

Sak wise sakpasar, Raden Palgunadi sarimbit moro maneh neng Sokolimo.

“Kados pundi Bopo Durno?”pitakone Palgunadi.

“Mengkeno lho Palgunadi…aku wis janji marang Begawan Abiyoso lan Rojo Ngastino, Raden Drestorosto, wekasane aku mung nggladhi cantrik Pandhowo lan Kurowo,”

 

“Wah ketiwasan Bopo” Palgunadi katon kuciwo.

 

“Nanging menowo bojomu Dewi Anggraini sing nglamar kene… isih ono panggonan, mergo kabeh cantrikku kuwi satus punjul kuwi lanang kabeh …lah wadone mung siji..Dewi Dursilowati….menowo bojomu gelem nyantrik neng kene iso tak tampo… kareben ugo ngancani Dursilowati…mengkono Palgunadi!”Kandhane Durno.

 

Palgunadi manggut-manggut nanging rodo mang-mang ugo, amargo bojone sing ayu moblong-moblong kuwi meguru neng panggonan sing akeh pawongan lanange.

Ngerti garwane bingung Dewi Anggraini matur marang Palgunadi,” Ojo sumelang Kakangmas…. Menawi meniko saged dados plantaran ilmu manahipun Kakangmas langkung sae…kawulo saged nyantrik wonten mriki.. mangke kawulo lak dipunrencangi kaliyan Dewi Dursilowati,” Kandhane Dewi Anggraini bisik-bisik.

 

Mulo sak jeke kuwi Dewi Anggraini nyantrik ono Sokolimo lan sak kamar karo Dewi Dursilowati, ben ora diganggu karo Bolo Kurowo.

 

Kanggo plantaran (transfer) ilmu supoyo iso dicak-ake ugo karo Palgunadi, Palgunadi gawe omah sing singidan nang tengah alas Sokolimo. Lan saben dinane kanthi sesingidan Palgunadi nginceng panggonan gladhen. Kanggo luwih terang trewocone, Dewi Anggraini nyathet lan ngiling-eling wejangane Durno, lan bengine Dewi Anggraini marani omah singidane Palgunadi supoyo iso ngecak-ake maneh opo sing diwulango Durno.

 

Katon Dewi Anggraeni lagi menthang gendhewo, nggladhi manah ing tengah alas Padhepokan Sokolimo. Katon endah lan sulistiyo banget Dewi Anggraeni iki, mulo ora gumun kabeh pawongan Padhepokan Sokolimo kepincut klawan ayune, ora kejobo Arjuno.

 

Supoyo luwih giras, Palgunadi ngongkon punggowo pribadhine, nggawe Reco Durno, kanthi suworone Dewi Anggraini sing ethok-ethok dadi Bopo Durno, Palgunadi ngecakake ilmu manahe soko Pandito Durno.

 

Ora kroso telung taun Palgunadi nggladhi panah neng alas Sokolimo kanthi pitulungan Reco Durno lan swarane Dewi Anggraini. Kabeh coro lan keprigelan manah wis dikuwasani, mulai manah tekan cedhak nganti adohe sewu genter, mowo panah siji nganti pitu mesisan, kabeh mancep neng papan titian pas tengah.

 

Ing sawijing dino, poro pandhowo podho mbedhag kewan ing alas, Arjuno, Puntodewo lan Bimo, Arjuno mbedhag kewan neng alas dikancani karo asune. Ing sawijining panggonan asune Arjuno ucul lan ujug-ujug mlayu nggendring nang alas roban…… ora dinyono asu kuwi mambu panggonane Palgunadi. Palgunadi sing wektu kuwi lagi nggladhi manah, ngeti lan manah asu sing njegog mau sing adohe wantoro sewu genter. Asu mau langsung mati kenek panahe Palgunadi.

 

“lho sopo sing manah asuku iki” kandhane Arjuno karo setengah ngamuk. Katon asune Arjuno mati kanthi nggegirisi. Ilate sing njeggok mau kencepan panah pitu sak panggonan, sak naliko asu mau mati. Sopo pawongan sing kurang ajar wani matine Asune.

 

Soko kadohan Palgunadi sing ngerti, asu mau tibake duweke Arjuno gagih-gagih mlayu soko panggonan kuwi.

 

Poro Pandhowo banjur marani kiro-kiro soko papan ngendi,panah mau asale. Ing sawijining panggonan Poro Pandhowo lire nemokake papan padunungan kang wis lagi wae ditinggalake pawongan sing mbok menowo manah asune mau. Ing omah singidan mau, Pandhowo lagi mangerteni ono papan sing digawe nggladhi manah. Katon akeh panah sing mancep ono ing papan titian lan ono recone Bopo Durno.

Kocap kacarito Arjuno matur marang Durno, menowo asune lagi wae dipanah karo pawongan sing nyolowadi pas ilate asune nganti pitung panah, sak naliko asune mati. Lan sing nganeh-anehi maneh papan mau koyo palagan gawe nggladhi manah, lan sing luwih nggumunake ono Recone Bopo Durno neng kono.

 

“Kinten-kinten sinten pawongan ingkang wonten mriku Bopo Durno… menopo si Pal….,”

 

“Hus… ojo ditutuake... ojo duwe prasangko sing ora-ora,” selake Durno.

 

“Ngapunten Bopo…nanging kinten-kinten sinten.. ingkang saged manah ingkang tebihe sewu genter lan pas kenging lathine segawon kulo”

 

“Mengko sing manah lak keno wadine dhewe,”wangsulane Durno sajak wicaksono.

 

“Mekaten nggih Bopo…. Kulo namung miturut wejanganipun Bopo Guru” pungkasane Arjuno, karo sik mikir sopo pawangan sing tego lan manah asune soko kadohan.

 

Bengi kuwi Dewi Anggraini koyo biasane, tumuju neng omah singidane Palgunadi, ing tengah dalan Dewi Anggraini diparani karo Palgunadi. Palgunadi crito kedadean mau awan naliko poro Pendhowo mbedhag neng alas Sokolimo, ora sengojo Palgunadi manah asune Pandhowo, amargo asu mau mlayune neng arah papan panggonane Palgunadi.

 

“Mulo luwih becik, keng Rayi bali wae, kiro-kiro sakpasar maneh, kareben Padepokan Sokolimo ora duwe prasongko olo marang awake Dhewe," pawilenge Palgunadi karo Dewi Anggraini.

 

“Sendiko Kakangmas” kandhane Dewi Anggraini.

 

Sakpasar sak wise prastowo kuwi, Dewi Anggraini pamit marang Bopo Durno, supoyo iso bali marang Negoro Paranggelung.

 

“Dalem kinten kawulo sampun pepak angganipun nggladhi olah kanuragan wonten mriki Bopo, sampun tigang taun lan kawulo sampun kangen kaliyan Paranggelung,”pamite Dewi Anggraini marang Pandito Durno.

 

Kanthi diiring punggowone Dewi Anggraini bali menyang Negoro Paranggelung.

Arjuno sing isih ora ayem atine, nututi baline Dewi Anggraini. Ngerti Arjuno nututi Dewi Anggraini, Aswotomo, anake Pandhito Durno nututi ugo playune Arjuno….

 

 

(Ono crito candhake…..kepriye kedadeane naliko Dewi Anggraini dicegat neng tengah dalan karo Arjuno…??)

August 28, 2010 at 12:00 PM Flag Quote & Reply

Wiwik SR
Member
Posts: 7

Wah... tambah seru critane..... kapan crito saklajengipun...?

August 29, 2010 at 7:24 AM Flag Quote & Reply

Margaretha Kusnandar
Member
Posts: 7

Wiwik SR at August 29, 2010 at 7:24 AM

Wah... tambah seru critane..... kapan crito saklajengipun...?

waduuh mboten sabar nengga saklajengipun mas...!!

August 29, 2010 at 6:40 PM Flag Quote & Reply

Jeng Rani
Member
Posts: 1

Matur nuwun kulo nenggo crito saklajengipun.

September 6, 2010 at 12:29 AM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

Kagem Diajeng Wiwik, Diajeng Margareth soho Diajeng Rani.... matur nuwun kerso ngantu-antu criyos Durno meniko...monggo meniko criyos candhakipun...sugeng maos...

September 10, 2010 at 7:10 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

(Crito candhake…..kepriye kedadeane naliko Dewi Anggraini dicegat karo Arjuno…??)

 

Kocap kacarito, Raden Arjuno mowo numpak jaran adreng mlayu nututi sangkan parane Dewi Anggraini sing diiringi karo punggowone (naliko kuwi Arjuno durung duwe Jaran Ciptowiloho). Lire Arjuno kasil nututi lakune Dewi Anggraini ing tengah dalan, naliko Dewi Anggraini sarto punggowone lagi wae ninggalake alas Sokolimo,”Yayi Dewi Anggraini…. Mengko dhisik mandhegko…..,”aloke Raden Arjuno menyang Dewi Anggraini.

 

“Lho Kakang Arjuno…. Ono opo… panjenengane dadak ngendheg lakuku?” Dewi Anggraini jenggirat kagyat, ngerti disusul karo Arjuno.

 

“Sik ojo dadi kagyate atimu dhisik Yayi …. …. Kenopo Yayi kok gagih-gagih ninggalake Padhepokan Sokolimo, lire gurung nganti melu pandhadharan sing diadhakake Bopo Durno.… lha wong ora ono gludhug ora ono bledek kok dumadakan udan… nyolowadi tenan Yayi?”

 

“Ora ngono kakang…. Aku sejatine wis kangen tenan karo Paranggelung,” pratelane Dewi Anggraini sujono.

 

“Ah mokal… opo ora mergo ono gandheng rentenge karo critane asuku sing kepanah biyen?”pandugone Arjuno.

 

“Kakang…ojo duwe pandugo sing ora ono nalare !”walese Dewi Anggraini.

 

“Yo…wis… sepurone sing akeh…. ning wae Yayi…”kandhane Arjuno sinambi karo tangane njiwit lengene Dewi Anggraini sing katon kuning alus kuwi. Arjuno iki pancen menowo ketemu wong wadon ayu, ora iso meneng tangane, jowal-jawil, demak-demok,”Yayi opo ora luwih becik menowo Kakang ajab mlaku-mlaku dhisik….ojo kesusu enggal bali.”

 

“ah ojo ngono…kakang Arjuno!”ujare Dewi Anggraini karo besengut, katon Dewi Anggraini pasuryane sing putih mau semu abang digodha karo Arjuno.

 

“lha nek nesu jebule Yayi tambah ayu … tenan,”Arjuno tambah kumawani njiwit pipine Dewi Anggraini sing katon malih koyo urang digodhog kuwi.

 

“Ih….!! Aduh Kakang ojo mengkono…,”jlerite Dewi Anggraini, ngerti bendhorone digodha karo Arjuno, poro Punggowane Dewi Anggraini gage-gage ngusir Arjuno. Nanging Raden Arjuno iki dudu tandhingane poro Punggowo kuwi, mulo sak klebatan wae tangane Arjuno dikipatake, poro Punggowone Dewi Anggraini kocap mencelat kabeh.

 

“Wis ayo Yayi mampir dhisik neng Manduro….,”ajake Arjuno marang Dewi Anggraini, saiki Arjuno wis kumowani nggandheng tangane Arjuno kareben diajak numpak jarane. Katon Dewi Anggraini ngipatake tangane Arjuno. Saiki Arjuno sing katon abang praupane, rumongso kekarepane nyatane ora digape karo Dewi Anggraini, mergo kekarepane Arjuno iki wis ono mbun-mbunane.

 

(Mergo ora kuwowo nggrayu Dewi Anggraini sing ayu moblong-moblong kuwi, mulo ing liyo wektu Arjuno ngupadi golek kasekten pangasihan lan kasil oleh aji-aji Pangasihan lan Asmorogomo. Prastowo panolake Dewi Anggraini marang Arjuno ugo gawe Arjuno nyoba nelukake piro-piro wanito sak akeh-akehe. Mulo kuwi Arjuno duwe bojo akeh, kejobo duwe ajian pangasihan lan asmorogomo ugo pawongane yo gantheng pisan).

 

Dumadakan soko mburine Arjuno mecungul Aswotomo.

“Eh…. Aswotomo nyang opo kowe mrene?”gumune Arjuno.

 

“Eh Arjuno aku sing kudune takon mengkono…. Arjuno…Kumowani temenan siro nggodha bojone Raden Ekoloyo yo Palgunadi! Tak sawang soko kadohan mau siro nggeret-nggeret tangane Yayi Anggraini”pangucape Aswotomo marang Arjuno.

 

“Aswotomo ojo salah tompo Dewi Anggraini karo aku iki mung cecathuan biasa wae,”andharane Arjuno katon ora bloko suto.

 

“Ojo digugu opo pangucape Kakang Arjuno, lagi wae aku arep dirudhopekso diajak menyang Manduro, Kakang Aswotomo,”wadule Dewi Anggraini.

 

“O alah Arjuno… Arjuno …patrapmu kuwi saru …. Ojo nggawe wirange padhepokan Sokolimo… nggodho bojone liyan… opo maneh Yayi Dewi Anggraini iki garwane Raden Ekoloyo Rojo Kraton Paranggelung,”ujare Aswotomo.

 

“Wis ora usah melu-melu kowe Aswotomo, iki lak pratikelku karo Dewi Anggraini,”Arjuno wiwit katon nesu.

 

“Oh dhasar Arjuno murang toto,”

 

“Opo …? Iki tampanono murang totoku,”cluluke Arjuno sinambi ngibatake tangane menyang Aswotomo.

 

Menowo punggowo mau keno angine tangane Arjuno wae podho mencelat kabeh, Aswotomo ora sak gampang kuwi. Dheweke ugo cantrik sing didhapuk karo Ramane Pandito Durno, mulo Aswotomo iso ngimbangi kasektene Arjuno.

 

Naliko wong loro podho adon yudhan, penthalitan lire adu kasekten lan digdoyone, poro punggowone Dewi Anggraini age-age nulungi bendhorone, nuli dibacutake playune neng Negoro Paranggelung.

 

Gurung nganti suwe playune Dewi Anggraini menyang Negoro Paranggelung, dheweke wis ketemu sisihanne Raden Palgunadi sing sengojo mapag garwane neng watese Alas Sokolimo,”Aduh Kakang…ketiwasan… kulo kolowau dipungodho kaliyan Kakang Arjuno,”

 

“Keladuk temenan patrape Arjuno…kuwi…saiki nang endi Arjuno,”Palgunadi langsung katon abang mbranang praupane.

 

“Nggih… untungipun kawulo dipuntulungi kaliyan Kakang Aswotomo, lire kekalihipun sak meniko nembe adon yudho,”jlentrehane Dewi Anggrani.

 

“Wis ndang balio menyang Paranggelung Yayi… tak tandangane Arjuno sing nerak pager ayu kuwi,”

 

“Atos-atos Kakangmas…”welinge Dewi Anggraini.

 

Nuli Palgunadi gage-gage neng papan panggonane adon yudho Arjuno karo Aswotomo. Katon soko kadohan Arjuno karo Aswotomo podho adu kasekten, podho-podho ngetokake kadigdayane, ngantem lan nggepuk karo tangan kosong. Sejatine ilmune Arjuno kuwi luwih dhuwur dibanding Aswotomo, mulo Aswotomo mulai kasoran jurite. Untunge Palgunadi wis teko nang papan kono.

 

“Tampanono iki Arjuno…” tanpo cluluk akeh-akeh… Palgunadi mencolot soko jarane nuli nendhang awake Arjuno….DHIESSS….! Arjuno mencelat sing adohe sepuluh genter.

 

Durung nganti Arjuno ngadeg, Palgunadi nyolot maneh neng papane Arjuno tibo nuli geprak awake Arjuno mowo kabeh pangroso nepsune….BLEK…!!. Nuli Arjuno sing wis kesel yudhan karo Aswotomo mencelat maneh luwih adoh…nganti rong puluh genter, apese dheweke tibo ngglundhung nang jurang alas sokolimo kono.

 

Soko ngisor jurang, Arjuno katon keronto-ronto ngupadi ngadeg, menowo wong biasa ngglundhung neng jurang iku wis remuk kabeh balunge. Lire Arjuno mung tatu sithik-sithik. Ngerti awake keteteran, Arjuno sing rumongso ilmu manahe wasis nomer siji neng Sokolima, saiki ngendelake gendewo lan panah Sangkali, sing mentas wae diparingi karo gurune Pandhito Durno. Arjunomentheng gendewo Sangkaline kanthi pitung panah saknaliko. Diwaspadhake katon sirahe Palgunadi wis kadeleng karo tumujune panahe Arjuno. Pitu-pitune panah iku saiki langsung mblesat soko gendewone….WUSSS….! Kabeh panah mau pinuju menyang Palgunadi, sing posisi panggonane neng nduwur jurang.

 

Ora endho utowo mlayu, Palgunadi tambah mencolot kanthi obahan salto soko dhuwur jurang mau pinuju papane Arjuno sinambi tangane menteng gendhewo kanthi pitung panah ugo, persis cacahe panahe sing dipapak karo Arjuno…. WUSSS...! Obahane Palgunadi salto sinambi menteng gendhewo karo mblesatno panah ora nganti sak kedepan.

 

…DHUARRR….! Ora dinyono karo Arjuno panahe Arjuno pitu-pitune ambyar dadi sak walang-walang dipapak karo panahe Palgunadi. Arjuno dadi mung ndomblong kami tenggengan ngerti kedadeyan mau. Dheweke sing diagul-agulno karo Pandhito Durno, saiki jebul panahe ora kuwowo ngadhepi panahe Palgunadi. Ora disongko karo Arjuno menowo ono pawongan sing manahe iso ngluwihe kawisanane dheweke manah. Saiki panah Sangkali koyo-koyo ora kuwowo ngandhepi panahe Palgunadi.

 

Sak detik sak banjure Arjuno napakake panah pitu maneh…BLESAT…!.Palgunadi sing saiki katon nylorot soko dhuwur …ora kesuwen dheweke ngimbangi napakake panahe ,,,ora nganti sak kedepan Palgunadi mblesateke panahe soko gendewo... nanging saiki ora mung pitu saiki…. Ono wulung panah pinuju arahe Arjuno…..WUS…!. Pitung panahe Arjuno saiki ketemu karo wulung panahe Palgunadi..DHUAR…!..…Pitu-pitune panahe Arjuno ambyar dadi sak walang-walang ketemu karo panahe Palgunadi…. malah saiki ono siji panah sing ucul … amargo panah Palgunadi sing dipapakake neng arahe Arjuno ono wulung panah cacahe…. panah siji kuwi saiki mblesat neng arahe Arjuno…

 

Arjuno sing mangerteni ono siji panah sing mblesat neng awake ora sempat piwales napakake panahe maneh..amargo arah panah iki wis kari sak genter soko awake…nuli Arjuno endho kanthi obahan salto……..slamet panah ora nganti kenek awake Arjuno…ananging Palgunadi sing tekan dhuwur wis cedhak arahe karo Arjuno lan katon napakake gegemane..tumuju awake Arjuno sing durung nganti jejek ngadeke amargo lagi wae endho soko panahe Palgunadi mau….kanthi ali-ali Mustiko Ampal gegemane Palgunadi ngantem dhodhone Arjuno…DHUAK...!. Waton nganti Arjuno wutah ludirane…. Lan awake kejongor… neng jurang Sokolimo maneh…. watoro suwe diwaspadhakake karo Palgunadi Arjuno ora tangi-tangi maneh….. diwaskitakake maneh jebule Arjuno wis ora ono ambegane maneh ... Arjuno wis tumekaning pati… yo….Arjuno wis Mati…

 

(Kepriye kahanane sak wise Arjuno mati… Ono Crito candhake..)

September 10, 2010 at 7:15 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

(Ditutukake critane langsung rong seri kagem poro Sutrisno JAGAD WAYANG amargo mumpung lagi preian bodo/riyoyo)

 

(….. Crito candhake sakwise Arjuno mati…..!)

 

Arjuno mati iki naliko isih enom banget, isih mentas wae meguru neng Durno limang taunan..kosokwalike Palgunadi wis meguru neng samubarang pandito sing sakti, sing pungkasan Palgunadi kanthi sesingitan ugo ngangsu kawruh babagan keprigelan manah menyang Pandito Durno plantaran bojone Dewi Anggraini,… mangkane yo wis nalar menowo kadigdayane lan keprigelane Arjuno sing isih clondho kuwi kalah jurite karo Palgunadi..Palgunadi wis ngerti ugo tek-tekane Panah Sangkaline Arjuno sing diparingi Pandhito Durno..amargo Palgunadi kanthi sesingitan nginjeng gladhene Arjuno manah….mangkane Palgunadi iso ngasorake Arjuno ing babagan manah.

 

Aswotomo sing ora nyono Arjuno nganti tekaning pati …. gagih-gagih bali menyang padhepokan Sokolimo… arep atur pirso marang Ramane Pandito Durno…neng tengah dalan Aswotomo kepethuk poro punokawan sing dadi abdine Arjuno… dheweke mratelakake menowo Arjuno ing wektu iki ketiwasan nganti tumekaning pati ono ing ngisore jurang alas sokolimo, amargo adon yudho karo Palgunadi.

 

“wis thole…nolo Gareng, Petruk lan Bagong putraku…. Ayo gage-gage matur neng bendarane Prabu Kresno…. Iki blai temenan… Bendarane dhewe Raden Arjuno tumekaning sedo….blaen-blaen…,”kandhane Romo Semar marang poro putrane.

 

Sawentoro kuwi, Palgunadi sing lagi wae merjoyo Arjuno, ugo gagih-gagih bali menyang Paranggelung.

 

Ing liyo kahanan, Prabu Kresno lan poro Pandhowo liyane wis tumekaning panggonan patine Arjuno, ing jurang alas Sokolimo, sak wise diwekasi karo Semar.

 

“Hmmm …Jlitheng Kakangku…piye iki … Arjuno …kok iso tumekaning pati’,”guneme Bimo marang Prabu Kresno,”sopo pawongan sing wis tumindak iki tak jing-jinge….”

 

“Sareh dhisik Bimo,”Kresno ngerih-erih Bimo, sak banjure Prabu Kresno ngetokake Kusumo (kembang) Wijoyokusumo, “Menowo durung titi wancine… waluyo jati ngger….!”kusumo mau ditapakake neng awake Arjuno…. bledheg karo gludhug katon jumlegar ono ing langit…DHEER…! Langit sing naliko kuwi wis surup katon padhang njingglang keno lathine bledhek kuwi mau… lan saknaliko Arjuno sing tatu mau …. alon-alon dhadhane ambal ambegan maneh…. nuli alon-alon Arjuno melek mripate lan alon-alon lungguh silo nuli atur sembah sungkem marang Sri Bathoro Kresno.

 

“Ngaturaken konjuk ngarsaning Prabu Kresno,”sungkeme Arjuno,”….lha kulo meniko sejotosipun wonten pundi…kok wonten satengahing wono,”grenenge Arjuno karo katon isih bingung, sing nggawe ngguyune poro Pandhowo liyane, yokuwi: Puntodewo, Bimo, Nakulo lan Sadewo, ora kejoba poro Punokawan.

 

“Lha kudune aku sing arep takon koyo mengkono kuwi marang kowe, Arjuno!”ujare Kresno.

 

Sakwise Arjuno eling, dicritakake babagan dheweke adon Yudho karo Palgunadi, sing marahi dheweke nganti tumekaning pati, tanpo nyritakake sabab-musababe adon yudho mau.

 

“Arjuno…..aku wis mangerteni…. Kowe adon yudho karo Palgunadi…lha prekawise opo Arjuno,”pitakone Kresno marang Arjuno.

 

“Anu…. Prabu… anu …,”Arjuno ora kuwowo mratelakake prekawise.

 

“Iki mesti goro-goro Dewi Anggranini…. Lak yo ngono tho Arjuno…”ujare Kresno sing pancen waskito iso mirsani opo sing dibatin Arjuno.

 

“Sendiko Prabu…,”wangsulane Arjuno ora iso mbantah maneh.

 

“Arjuno-arjuno …pratapmu kok pancet wae… iki saben-saben prekawis wong wadon… saben-saben prekawis wong wadon..opo ora waleh-waleh godha wong wadon….oleh nggodha wong wadon nanging ojo sing wis bebojoan.…ora kurang wong wadon sing isih ijen….ora dadi kajene awakmu menowo nggodha wong wadone liyan…. ojo dibaleni maneh yo ngger tumindakmu sing mengkono kuwi…!”welinge Kresno.

 

“Sendiko Prabu..,”pangucape Arjuno, mongko sak jeke diwekasi karo Prabu Kresno kuwi Arjuno wis ora katon godha wong wadon sing wis bebojoan.

 

“Lha kowe karo si Palgunadi kok yo kalah….. opo ngelmumu ora kuwowo nandhingi Palgunadi?”

 

“Sendiko Prabu…,”ature Arjuno.

 

“Lha krepriye Pandito Durno kuwi mulang cantrike kok yo kasoran karo Rojo Paranggelung…,”guneme Kreso,”ayo saiki…budhal neng Padhepokan Sokolimo … nakokake marang Pandhito Durno… krepriye …. Cantrik ongko siji Sokolimo kasoran jurite karo Pawongan liyan.”

 

Nuli, Kresno, Pandhowo tumuju Padhepokan Sokolimo, kejobo Arjuno sing karo didherekake Punokawan tumuju Manduro, amargo disingitake soko ngarsane Pandito Durno, kareben Durno ora mangerteni menowo Arjuno wis waluyo jati maneh.

 

Tekan ing papan kono, Padhepokan Sokolimo, Durno kagyat ora kepalang, pancen Durno wis dicritani karo anake, Aswotomo, menowo Arjuno mati ing tangane palgunadi, nanging Durno durung mangerti menowo Arjuno wis diwaluyo jati karo Kresno mowo plantaran kembang Wijoyokusumo, lan malah saikine Arjuno wis bali menyang Manduro.

 

“Ketiwasan Prabu Kresno…,”pratelane Durno,”Arjuno pejah karono adon Yudhan kaliyan Palgunadi,”

 

“Kepriye nalare …. Jare ing pandhadharan sing pungksan wingi… cantrik ongko sijine Padhepokan Sokolimo yo… si Arjuno!…. Lha…kok saiki mayar ae … Arjuno kasor jurite karo sopo kuwi…. Palgunadi,”wadule Kresno marang Durno. Kresno iki pancen pawongan sing ora tau boso kromo marang sopo bae, ugo marang Pandito Durno.

 

“Lha saiki ndi jasade Arjuno…, Pandito?”pitakone Kresno, sing koyo-koyo ora ngerti.

 

“Mangke kawulo ramutipun… sakmeniko dereng dipunpendet wonten jurang alas Sokolimo,”pratelane Durno ora mangerteni menowo Arjuno wis waluyo jati maneh mowo Kembang Wijoyokusumane Kresno lan malahan saikine wis mulih menyang Manduro.

 

“Wis mengkene wae, sing wigati… sing sepisan… jasade Arjuno mengko Pandito gowo menyang Manduro… sing ongko loro, wekasku…. Pandito kudu oleh wewadine kenopo Palgunadi iso ngasorake Arjuno,”Wekase Kresno marang Durno.

 

“Nuwun inggih Prabu …. Sendiko dhawuh.”jawabe Durno.

 

Nuli Kresno bali neng Manduro didherekake poro Pandhowo.

 

Saiki Durno sing kebingungan, naliko diambali menyang jurang Sokolimo karo didherekake Aswotomo, pranyoto jasade Arjuno ora ono tur ora katon.

 

“Mbok Menawi jasadipun Arjuno sampun dipugondhol kaliyan macan nopo singo, Romo!”pandugone Aswotomo marang ramane,”utawi mbok menawi sampun dipunpendhet kaliyan Punokawan, amargi kolowau kawulo kepanggih Punokawan sakderengipun tekaning wonten Padhepokan Sokolimo.”

 

“Ketiwasan iki thole…menowo wekase Prabu Kresno sing ongko siji wae durung iso romo udaneni…. Sing ongko loro sak ora-orane kudu iso diaturake marang Prabu Sri Bathoro Kresno…prekawis wadine Palgunadi iso ngasorake Arjuno,”kandhane Durno marang Aswotomo,”mulo saiki age-age ndang budhalo menyang Paranggelung nimbali Palgunadi… supoyo ngerti theklek selehe….wadine Palgunadi…,”welinge Pandito Durno marang anake, Aswotomo.

 

Pandito Durno katon kuwatir temenan karo babagan iki, amargo menowo pratikel Arjuno iki ora kuwagang dipungkasi utowo nganti dilerwakake, iso-iso dheweke ora dipercoyo maneh dadi gurune Pandhowo. La mengko urusan utomone babagan piwales marang Sucitro dadi bubar kabeh….kojur…tenan …batine Durno.

 

Kocap kacarito, Aswotomo gage-gage budhal menyang Paranggelung, mergawe methuki Palgunadi. Sakwise disanjangi wekase Pandito Durno, Raden Palgunadi mowo dikancani garwane sing ayu dhewe, Dewi Anggraini sarto diiringi poro punggawane tumuju Padhepokan Sokolimo.

 

Sak tumekaning Padhepokan Sokolimo, Palgunadi atur ngarsane Pandito Durno,”Wonten wigatos menopo Bopo Guru?”Kandhane Palgunadi nyebut Pandito Durno, kalawan jejuluk ‘Bopo Guru’ masio dheweke ora tau diakoni Durno dadi cantrike.

 

“Mengkene….Palgunadi… ugo Dewi Anggraini…,”ujare Durno,”Aku wis keprungu ono kedadean kowe adon yudho karo Arjuno….nganti Arjuno tumekaning pati….! Opo bener sing dikandhakake Aswotomo anakku kuwi?”pitakone Durno.

 

“Leres Bopo,”wangsulane Palgunadi,”Amargi semah kulo, Dewi Anggraini, meniko dipungodho kaliyan Arjuno….sinten tiyange mboten mangkel atinipun bojone dipunganggu lanangan liyo…!”

 

“Iyo…nanging piwalesmu kuwi keladuk, Palgunadi…mosok bojone mung diganggu …. Sing ganggu nganti diperjoyo… ora iso mung dikandhani wae… supoyo ora dibaleni maneh…,”guneme Durno.

 

“Sendiko Bopo,”ujare Palgunadi,”ananging naliko prastowo meniko, Arjuno nembe adon yudhan kaliyan Aswotomo, ingkang mbelani semah kulo, lan piyambake, Aswotomo, ketingalipun sampun kalindhih jurite kalawan Arjuno…mulonipun kulo langsung biyantu yudho Bopo…”pratikele Palgunadi.

 

“Lha …iyo sak jan-jane …ngelmu opo … sing mbok tapakake menyang Arjuno nganti Arjuno tumekaning pati,”

 

Palgunadi sing wis nganggep Durno dadi gurune, ora sumelang mratelakake kahanan kasektene nganti iso merjoyo Arjuno,”mekaten…Bopo Guru…sejatosipun kawulo meniko gadhah ali-ali Mustiko Ampal..ingkang sampun manjing wonten jempol kawulo naliko taksih jabang bayi…Sarono ali-ali meniko ingkang dipungandheng kaliyan ngelmu manahipun Bopo Durno, ingkang dipunwucal malih kaliyan Yayi Dewi Anggraini, sedoyo panah saged pinuju sasaranipun kanthi tepak….lan kanthi sarono ali-ali meniko kawulo saged merjoyo Arjuno..,”

 

“O…mengkono,”guneme Durno,”coba ali-alimu kuwi aku kepingin weruh!”

 

“Ali-ali meniko mboten saged uwal saking jempol kawulo Bopo, milai jabang bayi sampun caket wonten jempol kawulo,”pratelane Palgunadi,”Meniko ali-ali warisan turun temurun kagem Pawongan ingkang badhe titah wonten kraton Paranggelung.”

 

“Coba aku mung kepingin ndeleng wae,”andharane Durno.

 

Kanthi ora duwe prasangko olo ba-bar pisan Palgunadi ngulungake jempole marang Pandito Durno. Kanthi kasektene Durno njabut ali-aline Palgunadi kanthi rudhopekso….Kocap Kacarito saknaliko ali-ali Mustiko Ampal uwal soko tangane Palgunadi…nganti Palgunadi kejengkang. Iyo uwal soko tangane Palgunadi dudu soko jempole, amargo jempole Palgunadi tugel kajabut soko tangane Palgunadi. Bener omonge Palgunadi ali-ali Mustiko Ampal ora iso uwal soko jempole. Saknaliko ludiro abang branang deres metune soko wekas jempole Palgunadi, koyo miline banyu soko kendhil…

 

“Kakang Palgunadi….,”jlerite Dewi Anggraini, ngerti garwane ali-ali sak jempole uwal soko tangane. Ludiro deres kasil dipithes Dewi Anggraini metune soko tilas jempole Palgunadi, ananging nyowone Palgunadi wis kadhung metu soko tilas jempole mau, jebule ali-ali Mustiko Ampal kuwi kejobo dadi kasektene Palgunadi ugo dadi titik pengapesane Raden Ekoloyo yo Palgunadi.

 

Palgunadi lire nganti tumekaning pati, sak durunge tumekaning pati Palgunadi sempat ujar ngincim nyedakno Durno,”ing perang Baroto Yudho, Bopo Durno keporo mati ing tangane titisanku”incime Palgunadi sak durunge mati. Neng perang Baroto Yudho mengko, rohe Palgunadi nitis neng Drestojumeno sing kasil ngethok sirahe Durno..wih nggegirisi…..

 

Ngerti bojone, Palgunadi, mati, Dewi Anggraini sing kesuwur setyo tuhune marang bojone melu kendhat ugo…lan wong loro Raden Palgunadi karo Dewi Anggraini mokso neng kahyangan.

 

Wis oleh wadine Palgunadi iso ngasorake Arjuno…Durno age-age neng Manduro ora nggathekake maneh kahanan Palgunadi karo garwane Dewi Anggraini….Amargo tujuan utomone Durno kuwi supoyo cantrik-cantrike dheweke mengko iso dadi tangane kanggo miwales patrape Sucitro marang dheweke...mulo reko doyo opo bae dilakoni Durno sing iso nguntungake Durno ..ora perduli tumindake kuwi ngrugekake wong liyo.... koyoto Palgunadi mau..

 

“Atur nyuwun cadong duko Prabu Kresno…kawulo mboten mernahi jasadipun Arjuno…mbok menawi sampun dipunbeto poro punokawan,”kandhane Pandhito Durno.

“yo terus wekasku sing ongko loro kepriye?”pitakone Kresno.

 

“Sendiko dhawuh Prabu Kresno….meniko kulo sampun mangertosi wewadi kasektenipun Palgunadi dalah kulo sampun mbeto ali-ali Mustiko Ampal ingkang taksih manjing sawiji wonten jempolipun Palgunadi…,”Kandhane Durno.

 

“Menowo kuwi dadi kandhamu aku ora melu cawe-cawe babagan ngrudhopekso jempole Palgunadi,”wangsulane Kresno,”sejatine Arjuno wis tak waluyo jati karo Kembang Wijoyokusumo!”

 

“Punopo leres ingkang dipunaturaken Prabu Kresno …?”pitakone Durno marang Kresno katon ora percoyo.

 

“Leres Bopo Guru Durno…,”Dumadakan Arjuno metu soko panggonan pasingitane neng kraton Manduro..

 

“Oalah…cah bagus….,”Durno katon gumbiro …sinambi terus ngrangkul cantrike …Arjuno…

 

Sak wise watoro suwe, Durno mratelakake wis mrantasi wewadi kasektene Palgunadi marang Arjuno. Nuli Durno menehake bukti ali-aline Mustiko Ampal sing isih caket jempole marang Arjuno.

 

Arjuno nompo ali-ali Mustiko Ampal lan Arjuno nyoba nyopot ali-ali mau uwal soko jempol, nanging ora kuwowo. Dicoba bola-bali, tetep ae Arjuno ora kuwowo nyopat ali-ali Mustika Ampal mau. Nalikane Arjuno nyoba, jempole ditemplekake sandhinge jempole Arjuno dhewe, Kocap Kacarito dumadakan jempol mau nemplek lan caket neng tangane Arjuno. Sak jeke kuwi driji tangane tengen Arjuno ono enem, jempol sing tambahan ono ali-aline Mustika Ampal mau katon koyo driji siwil. Sak jeke ketambahan jempol siwil sing ono ali-ali Mustiko Ampal mau olah panahe Arjuno luwih wasis, menowo biyen mung sasaran sing meneng, ora obah. Sakwise nggawe driji siwil sing ono ali-ali Mustiko Ampal,panahe Arjuno iso ngenani sasaran sing obah, koyo-koyo panah mau iso duwe mripat ae.

 

Saiki wis ora ono satrio liyan sing iso ngasorake keprigelane Arjuno ing babagan manah, sakwise Palgunadi mati, Arjuno sing dipeparabi ugo Palguna dadi bener-bener satrio ongko siji ing babagan manah.

………………………………………………………………………

............................................................................................................

 

Ora nyono saiki wis sak Doso Warso anggone Durno nggladhi poro cantrik Pandhowo lan Kurowo. Saikine poro cantrike Pandhowo lan Kurowo wis podho dadi cantrik sing sekti mondroguno,

 

Ing Pandhowo ono Arjuno sing wasis ing babagan manah, Bimo sing kesuwur karo kuku ponconokone dadi luwih wasis ing babagan yudhan tangan kosong, Puntodewo wasis ing babagan ngatur yudho ing palagan, Nakulo lan Sadewo sing wasis numpak jaran ugo wasis migunakake gaman ugo ing babagan jamu-jamuan.

 

Ing Kurowo, ono Duryudono sing wasis migunakake godo, ono Bogadotto sing sakliyane wasis migunakake godo ugo duwe gajah jenenge Murdiningkung lan pawange wadon jenenge Murdiningsih, Bogadotto, Murdiningkung lan Murdiningsih iki menowo salah siji mati lan dioncati karo liyane dadi urip maneh. Dursosono sing duwe keris kyai Bario sing gedhene ora jamak, lan sik akeh cantrike Durno sing duwe piandel.

 

Ing pandhadharan pungkasan, Durno menehi wejangan:

“Wis ora kroso sak doso warso, siro kabeh wis tak nggladhi dadi cantrik ongko siji ing padhepokan Sokolimo…..kabeh kuwi kejobo nggawe senenge atiku ….ugo dadi piandel siro kabeh ing palagan yudho mengkone…Lan nggawe mbuktekake kadigdayan siro kabeh iso dipiandelake… mongko kuwi aku nganakake Pandhadharan pungkasan sing wekase sopo sing iso kuwagang nggowo Sucitro yo Prabu Drupadhi soko Negoro Pancolo ing ngarsaku kene… sejatine dheweke sing dadi cantrikku sing ongko siji… Pandhadharan iki minongko Pandhadharan sing paling pungkasan….dadi sak wise Drupadi iso siro gowo neng ngarsaku kene... mongko siro kabeh tak wenehi anugrah Cantrik lulusan Padhepokan Sokolimo kene,”mengkono pratelane Durno marang poro cantrike.

 

“Sendiko dhawuh Bopo Guru,”aloke poro cantrik, Pandhowo lan Kurowo….terus poro cantrik Pandhowo lan Kurowo cepak-cepak ubo-rampen gawe adon yudho menyang Negoro Pancolo kareben mikut Rojo Pancolo, Prabu Drupodo…

 

(Kepriye kahanane Prabu Drupodo dikeroyok karo Pandhowo lan Kurowo..opo punggawane Drupodo lan Patih Gondomono ing Pancolo kuwowo nandhingi Kasektene Pandhowo lan Kurowo……Ojo nganti keri ing seri pungkasan ing crito candhake…!)

September 10, 2010 at 7:28 PM Flag Quote & Reply

warijo ngoten
Member
Posts: 10

nyuwun pirsa pak bass, carios punika kapendet adedasar saking serat utawi versi punapa

October 4, 2010 at 12:52 AM Flag Quote & Reply

SONTOLOYO
Member
Posts: 2

warijo ngoten at October 4, 2010 at 12:52 AM

nyuwun pirsa pak bass, carios punika kapendet adedasar saking serat utawi versi punapa

sampun jengkap sewulan punika carios candakipun dipun antu-antu jumedhulipun, mugi Kyai Bass mboten nandang reribet, lir ing sambikala ..... lajeng kersa nutugaken cariosipu.... monggo. Sembah nuwun Kyai....

October 9, 2010 at 9:51 PM Flag Quote & Reply

agusbass
Site Owner
Posts: 60

@Mas Warijo: kito sedoyo sampun mangertosi bilih cerito wayang meniko aslinipun kapendhet adhedhasar kitab Mohobaroto ingkang dipuserat wonten boso Sansekerto dening Begawan Bioso utawi Wioso saking tlatah India. 

Naliko Agomo Hindu mlebet Jawi, Kitab Mohobaroto mlebet ugi dados critro wayang, ananging sampun dipunlarasaken ceritonipun kaliyan budhoyo Jawi, dados wonten sekedhik-2 bedho kalih Mohoboroto, kadosto:

Durna, wonten pedhalangan jawi dipungambaraken olo sanget tumindake lan ruponipun.

Sak sampune Islam mlebet tlatah Jawi lan jumeneng Kraton Demak crito wayang dipunlarasaken malih, kadosto:

Dewi Drupadi meniko, ing Kitab Mohobaroto kiyambakipun kromo kaliyan Pedhowo limo sak limo-2ne (Yudhistiro, Bimo, Arjuno, Nakulo lan Sadhewo), sakmangke dipunlarasaken dados namung garwane salah setunggal Pandhowo kemawon.

Lha wayang ingkang kawulo critakaken meniko tumut versi nopo? Monggo panjenengan waos crito Durno sak lajengipun Dewi Drupadi kromo kaliyan salah setunggale Pandhowo nopo Pandhowo limo sedoyo? Panjengan saged mbatang kiyambak. Ingkang wasis kawulo nyebat Meniko Versi Wayang Jowo Kontemporer...

Dados ngangge boso jowo sakbendintenipun, sanes boso pedhalangan... ben rodo kepenak moco lan mikire.....

 

@Mas Son, matur nuwun sampun ngantu-antu, nuwun gunging pangaksami amargi kawulo sagetipun ndamel crito namung pas dinten preian....sareh kemawon meniko kawulo lajengaken...

 

Matur nuwun sedoyo...

 

October 16, 2010 at 4:28 AM Flag Quote & Reply

You must login to post.